Jamuran iku dolanan kang misuwur ing tlatah Jawa. Jamuran bisa dilakokaké bocah kang cacahé 4-12. Jamuran lumrahé dianakake ing wektu sore lan bengi nalika padhang bulan. Bocah sing melu dolanan umure antarane 6 nganti 13 taun. Dolanan jamuran bisa dilakokaké dening bocah lanang, bocah wadon utawa campuran. Dolanan jamuran ora butuhaké perkakas warna-warna, mung butuhake latar kang jembar.
Jamuran iki dolanan bocah gaweyan Sunan Giri. Dolanan iki nduweni pesen utawa nasihat supaya anak sing manggon ing donya iki ngerteni ana macem-macem aturan sing kudu dituruti. Ana nilai-nilai pendidikan kaya pamulangan kekompakan, ketangkisan gerak sing padha karo irama, kemampuan berekspresi nganti kemampuan nanggapi perintah.
Carane dolanan
Saumpama sing dolanan cacahe 10 (A, B, C, D, E, F, G, H, I, J), banjur diundhi kanthi pingsut, sapa sing kalah bakal dadi. Saumpama sing dadi J, banjur A, B, C, D, E, F, G, H, I baris bentuk bunder, ngubengi J kang ana ing tengah. Banjur A nganti I mau mlaku mubeng-mubeng ngubengi J, sinambi nembangaké tembang jamuran. Nalika tekan pungkasané tembang, A nganti I mandheg anggoné ngubengi J. Banjur J mangsuli pitakoné bocah-bocah sing ngubengi. Saumpama J mangsuli jamur kethèk mènèk, banjur bocah 9 sing ngubengi mau kudu langsung tumindak kaya kethèk. Yen ana bocah sing ora isa niru tumindak kaya kethèk, tegesé bocah kuwi bakal dadi. Bocah kang dadi isa nyebutaké aran jamur apa wae kang kudu diperagakaké bocah 9 sing mubengi sing dadi mau. Yèn ana bocah sing ora isa, tegesé bocah kuwi dadi. Saumpamané jamur gagak, bocah 9 kang ana ing pinggir mau kudu niru tumindaké gagak, yèn salah utawa ora bisa kudu dadi.
Tembang Jamuran
Jamuran ... Jamuran ..
Ya bede’en Jamur apa
Ya bede’en Jamur payung
Ngrembayung kaya lembayung
Sira badhé jamur apa
Maneka Warna Jamuran
· Jamur Montor (berubah menjadi sepeda motor)
· Jamur kendi borot (harus kencing saat itu juga)
· Jamur kethek menek (pura-pura jadi monyet manjat)
· Jamur Gula setangkep (cari pasangan)
· Jamur patung (diam tak bergerak)
· Jamur kursi (menjadi tempat duduk)
· Jamur ndodhok (jongkok)
· Jamur manuk (pura-pura jadi burung terbang)
Komentar
Posting Komentar